Ad Code

Responsive Advertisement

Headline

6/recent/ticker-posts

Asesmen Sumatif Akhir Semester II | Basa Jawa Kelas 3 - Paket 1


Teks wacan

Wacanen kanthi patitis!

Ajar Reresik

Senajan lagi kelas 3 SD, nanging Rara wis digladhi mandhiri dening wong tuwane. Saben esuk wayah tangi turu, dheweke wis dikulinakake nata paturone dhewe, banjur nyapu jogan kamare dhewe lan nata meja sinau, rak sepatu lan lemarine. Resik, temata lan orane kamar Rara dadi tanggung jawabe Rara dhewe. 

Bareng wis kulina reresik kamare dhewe, suwe-suwe Rara uga kulina biyantu bapak karo ibu reresik jero omah sakliyane kamare dhewe. Yen disawang disawang katon reged lan kurang temata, Rara gage jupuk sapu karo sulak, lan sing katon reged mau banjur diresiki.

Senajan pegaweyan reresik iku katone sepele, nanging yen ora dikulinakake digladhi awit isih cilik, nganti tekan diwasa dadine ora kulina, salong ana wong kang ora bisa nindakake pagaweyan reresik, mula omahe dadi katon reged pating slengkrah, ora temata lan ora kepenak disawang.

Soal Teks Wacan

Wangsulana pitakon-pitakon bab wacan ing dhuwur!

  1. Apa sing dikulinakake dening wong tuwane marang Rara?
  2. Kenangapa reresik kudu dikulinakake awit isih cilik?
  3. Bareng wis kulina reresik, apa sing ditindakake Rara yen weruh pangonan reged lan ora temata?
  4. Kepiyen kahanane omah yen sing duwe kemproh ora ngerti reresik?
  5. Apa kowe wis wiwit ngulinakake ajar reresik kamarmu dhewe?

B. Soal Pilihan Ganda

       Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, utawa c sangarepe wangsulan sing bener!

  1. Kamare Rara iku ora gedhe banget, lan ukurane sedheng, nanging resik lan temata. Balene utawa tempat ridure ditata ing cerak jendhela. Banjur lemari sandhangan ana ing sisih liyane. Ing tengah-tengahe ana meja sinau. Saliyane iku uga ana rak sepatu ditata apik banget.
    Pethilan teks ing dhuwur iku klebu jinise teks ...
    a. Narasi
    b. Deskripsi
    c. Eksposisi
    d. Prosedur

  2. Saben dina Minggu, Bima karo bapake numpak sepedhah mubeng-mubeng desa. Saliyane olahraga uga deleng sesawangan.
    Ukara ing dhuwur iku klebu pengalaman sing kepiye?
    a. Lucu
    b. Medeni
    c. Sedhih
    d. Nyenengake

  3. Ibu damel unjukan, dene bapak nembe manggihi tamu wonten ngajeng.
    Ukara ing dhuwur iku migunakake tata basa ...
    a. Krama alus
    b. Krama inggil
    c. Ngoko alus
    d. Ngoko lugu

  4. 'Bapak kesah dhateng Solo kaliyan simbah.'
    Ukara ing dhuwur yen owahana nganggo basa ngoko alus!
    a. Bapak lunga menyang Solo karo simbah.
    b. Bapak tindak menyang Solo karo simbah.
    c. Bapak lunga dhateng Solo kaliyan simbah.
    d. Bapak kesah menyang Solo karo Simbah

  5. Tembang dolanan iku tembang sing kulina ditembangake dening bocah. Lagu tembang dolanan umume nggambarake kahanan bocah sing ...
    a. Nesu
    b. Susah
    c. Sedhih
    d. Seneng

  6. 'Menthog, menthog, tak kandhani, ....'
    Cakepan sabanjure  tembang dolanan ing dhuwur yaiku ...
    a. Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
    b. Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
    c. Mung rupamu angisin-isini
    d. Mung lakumu megal-megal gawe guyu

  7. Apa sebane lakune si Menthog gawe guyu?
    a. Nyirig-nyirig
    b. Alon-alon
    c. Ndheprok
    d. Megal-megol

  8. Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki!
    Gundhul, gundhul pacul, cul gembelengan
    Nyunggi, nyunggi wakul, kul, gembeleng
    Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
    Tembang dolanan 'Gundhul-Gundhul Pacul' ing dhuwur iku nggambarake wong sing seneng ...
    a. Nyunggi sega sewakul
    b. Gembelengan lan tundhane nemahi kacilakan
    c. Ngglimpangake wakul
    d. Potong rambut gundhul

  9. Pandhawa lan Kurawa iku kadang nakdherek utawa sedulur tunggal simbah. Simbahe Pandhawa lan Kurawa iku jenenge ...
    a. Prabu Matswapati
    b. Resi Drona
    c. Begawan Abiyasa
    d. Prabu Basudewa

  10. Pembarepe Pandhawa jenenge Puntadewa, dheweke duwe watak sabar, jujur, lan ora seneng perang. Yudhistira iku ratu ana ing Kraton ...
    a. Ngamarta
    b. Dwarawati
    c. Madukara
    d. Ngastina

  11. Raden Werkudara iku satriya ing Jodhipati, yen Raden Janaka iku satriya ing ...
    a. Jodhipati
    b. Bumiretawu
    b. Madukara
    c. Sawojajar

  12. Pandhawa lima iku tunggal bapak beda ibu. Puntadewa, Werkudara lan Janaka iku putrane Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunthi, dene Nakula lan Sadewa putrane Prabu Pandudewanata lan ...
    a. Dewi Drupadi
    b. Dewi Ambik
    c. Dewi Sulastri
    d. Dewi Madrim

  13. Keplok ora tombok, iku bebasan sing tegese
    a. Melu keplok-keplok nanging ora ngerti ana apa
    b. Melu seneng nanging ora melu ragad
    c. Keplok-keplok merga seneng
    d. Keplok-keplok kanggo nggusah manuk

  14. Wong sing dipercaya njaga utawa ngopeni nanging malah ngrusak iku padha karo bebasan...
    a. Nabok nyilih tangan
    b. Pager mangan tanduran
    c. Kriwikan dadi grojogan
    d. Kebo nusu gudel

  15. Tembang macapat sing nggambarake bocah sing isih dimong lan diwulang wong tuwa yaiku tembang ...
    a. Pocung
    b. Sinom
    c. Kinanthi
    d. Pangkur

  16. Gatekna cakepan tembang macapat ing ngisor iki!
    Sigra milir kang gethek sinangga bajul
    Kawan dasa kang njageni
    Ing ngajeng miwah ing pungkur
    Tanapi ing kanan kering
    Kang gethek lampahnya alon
    Tembang macapat Megatruh ing dhuwur iku kadadeyan saka pirang gatra?
    a. 4
    b. 5
    c. 6
    d. 7

  17. Aksara Jawa legena iku tegese ...
    a. Aksara sing durung diwenehi sandhangan
    b. Aksara sing wis diwenehi sandhangan
    c. Aksara rekan
    d. Aksara murda

  18. Sandhangan swara kanggo gawe swara 'u' yaiku ...
    a. Taling
    b. Wulu
    c. Suku
    d. Taling tarung

  19. Sandhangan swara 'i' yaiku ...
    a. Suku
    b. Wulu
    c. Taling tarung
    d. Taling

  20. Aksara jawa sing wujud asli lan pasangane padha yaiku
    a. Ra
    b. Ma
    c. Wa
    d. Ha

C. Soal Isen

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener!

  1. Teks sing nggambarake sawijining obyek utawa papan panggonan kanthi jlentreh nganti sing maca kaya-kaya bisa ndeleng lan ngrungokake dhewe diarani teks ...
  2. 'Ayo kanca dolanan ing njaba
    ...........
  3. Cakepan utawa lirik sabanjure yaiku ...Raden Arjuna iku putra Pandhawa sing nomer telu, mula diarani ...
  4. Bapak pocung dudu watu dudu gunung.
    Pethilan tembang Pocung ing dhuwur iku guru wilangan lan guru lagune yaiku ...
  5. Anak pitik jenenge kuthuk, anak bebek jenenge ...

D. Soal Andharan

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan gamblang!

  1. Sebutna 5 tembang macapat!
  2. Sebutna 3 tembang dolanan!
  3. Sebutna jenenge Pandhawa Lima!
  4. Coba jlentrehna tegese 'Kebo nusu gudel'!
  5. Tuku tahu lima. Tulisen nganggo aksara jawa!