Wacanen kanthi patitis!
Crita ing Ngarep Kelas
Minggu wingi Bocah-bocah kelas 4 didhawuhi Pak Guru ngapalake crita dongeng sing disenengi, lan ing piwulangan Basa Jawa candhake, saben bocah kudu crita ana ngarep kelas tanpa maca.
Dina iki wayahe piwulangan Basa Jawa maneh. Bocah-bocah wis padha siyaga karo critane dhewe-dhewe. Sinta arep crita Legendha bab asal-usuling Bledug Kuwu ing Grobogan. Andra uga wis ngapalake crita Fabel, Kethek lan Baya. Ana uga Abim sing wis siyaga kanthi crita Mite, Jaka Tarub lan Dewi Nawangwulan.
Bocah-bocah liyane uga wis padha siyaga, mung kari Diyah sing isih durung siyaga apal. Dheweke isih ngapalake crita Sage sing irah-irahane Ciung Wanara.
A. Soal Wacan
Wangsulana pitakon-pitakon bab wacan ing dhuwur!
1. Apa sing dhawuhake Pak Guru marang bocah-bocah kelas 4?
2. Ing piwulangan Basa Jawa candhake, bocah-bocah kudu siyaga ngapa?
3. Crita apa sing bakal dicritakake Sinta ana ngarep kelas?
4. Andra arep crita apa ing ngarep kelas?
5. Apa kang dumadi marang Diyah?
B. Soal Pilihan Gandha
Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d sing koanggep bener!
1. Crita 'Dumadine Kutha Semarang' iku kalebu ...
a. Fabel
b. Mite
c. Legenda
d. Sage
2. Baruklinthing banjur malih dadi bocah cilik sing ala rupane, kuru lan gudhiken. Dheweke mudhun menyang desa sing lagi rame amarga ana pahargyan gedhe.
Sapa paraga kang ana ing pethilan crita ing dhuwur?
a. Jaka Tarub
b. Baruklinthing
c. Jaka Kendhil
d. Raden Bandung
3. Pethilan crita ing dhuwur iku dijupuk saka crita apa?
a. Dumadine Kutha Salatiga
b. Dumadine Bledug Kuwu
c. Dumadine Candhi Prambanan
d. Dumadine Rawapening
4. Gatekna pethilan crita ing ngisor iki!
Nalika didhawuhi simboke ngeterake sega marang bapake sing lagi nyambut gawe ana sawah, ing tengah dalan si Toba krasa luwe lan banjur mangan sega kanggo bapake iku nganti meh entek.
Watake si Toba miturut pethilan crita ing dhuwur yaiku ....
a. Seneng tetulung
b. Ora amanah/nakal
c. Bekti marang wong tuwa
d. Sregep lan prigel
5. Tembang macapat iku kaiket dening paugeran, salah sijine yaiku cacahing gatra utawa larik saben sak pada utawa sak bait kang diarani ....
a. Guru lagu
b. Guru wilangan
c. Guru gatra
d. Guru sastra
6. 'Setya budya pangekesing dur angkara'
Pethilan tembang ing dhuwur iku pethilan tembang Pocung gatra kaping pira lan apa guru wilangan sarta guru lagune?
a. Gatra kaping papat, 12a
b. Gatra kaping pisan, 12a
c. Gatra kaping papat, 11a
d. Gatra kaping pisan, 11a
7. Tembang macapat Maskumambang iku nggambarake kahanane manungsa nalika ....
a. Wis mungkur ing babagan kadonyan
b. Wis lair dadi bocah cilik
c. Golek wektu kanggo rabi
d. Isih ana ing jero guwa garba utawa kandhutane ibu
8. Gatekna gatra kapisan tembang Pangkur ing ngisor iki!
'Sekar pangkur kang winarna'
Coba sebutna guru wilangan lan guru lagune!
a. 7a
b. 8a
c. 9a
d. 10a
9. Aksara Jawa legena tegese aksara sing kepiye?
a. Aksara jawa sing wis diwenehi sandhangan
b. Aksara jawa sing durung diwenehi sandhangan
c. Aksara jawa sing murda
d. Aksara jawa sing rekan
10. Ing ngisor iki kang klebu sandhangan swara yaiku ...
a. Suku, wulu, wigyan
b. Cecak, taling, suku
c. Taling tarung, layar, cecak
d. Wulu, suku, taling tarung
11. Layangane si Adi.
Yen ditulis nganggo aksara jawa, sandhangan apa wae sing dienggo?
a. Taling, suku, suku
b. Taling, wulu, suku
c. Taling, wulu, wulu
d. Pepet, wulu, wulu
12. Sandhangan layar, wignyan lan cecak iku sandhangan kanggo panyigeg swara ...
a. r, h, ng
b. r, ng, h
c. h, r, ng
d. h, ng, r
13. Bocah utawa wong enom yen pacelathon marang wong tuwa, wong diwasa lan wong sepuh, kudu migunakake tatanan basa apa?
a. Ngoko Lugu
b. Ngoko Alus
c. Krama Alus
d. Krama Inggil
14. Bapak lagi adus, lan ibu nyapu ing latar.
Basa krama inggile ukara ing dhuwur yaiku ...
a. Bapak nembe siram, lan ibu nembe nyapu wonten latar.
b. Bapak nembe siram, lan ibu nembe nyampari wonten latar.
c. Bapak nembe adus, lan ibu nembe nyapu ing latar.
d. Bapak lagi siram, lan ibu lagi nyampari wonten latar.
15. Ukara ing ngisor iki sing migunakake basa Ngoko Lugu yaiku ....
a. Ibu tindak dhateng peken mundhut jajan.
b. Kowe mau bengi turu jam pira, Ndra?
c. Simbah saweg sare wonten kamar ngajeng.
d. Panjenengan dipun timbali Pak RT.
16. Candra : Kok sepi, Di?
Adi : Bapak ibuku lagi tilik simbah. Adhiku turu ana kamare.
Pacelathon ing dhuwur iku migunakake tata basa ...
a. Krama inggil
b. Krama lugu
c. Ngoko lugu
d. Ngoko alus
17. Unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar utawa kiasan, lan ngemu surasa pepindhan utawa perumpamaan, sing diupamakake kahanan utawa sifate manungsa diarani ....
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Saloka
d. Wangsalan
18. 'Anak polah bapa kepradhah', iku ngemu teges tumindake anak sing gawe repot lan susah wong tuwane.
Ukara iku klebu ...
a. Wangsalan
b. Parikan
c. Sanepa
d. Paribasan
19. 'Kebo nusu gudel', iku klebu saloka, kang duwe teges ...
a. Wong tuwa nemu cilaka amarga tumindake anak
b. Wong tuwa njaluk wuruk utawa sinau marang anak utawa wong enom
c. Wong enom sing ngina marang wong tuwa
d. Wong sugih sing seneng pamer bandha donya
20. Wong sing kepengin kepenak nanging ora gelem rekasa iku paribasane ...
a. Becik ketitik ala ketara
b. Gelem nangkane, emoh pulute
c. Ngubak-ubak banyu bening
d. Aja cedhak kebo gupak
C. Soal Isen
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan sing bener lan trep!
1. Paraga kang misuwur sajroning crita legendha 'Dumadine Candhi Prambanan" yaiku ... lan ...
2. Cacahing wanda saben sagatra sajroning tembang macapat diarani ...
3. Sandhangan aksara jawa kang klebu sandhangan wyanjana yaiku ...
4. Dayohe diaturi pinarak ana jero wae. Tembung dayoh iku tegese ...
5. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan diarani ....
D. Soal Andharan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi premati, jangkep, lan bener!
1. Sebutna 3 tuladha crita rakyat utawa legenda sing misuwur ing tlatah tanah Jawa!
2. Sebutna tegese guru gatra, guru lagu lan guru wilangan ing tembang macapat!
3. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo akara jawa!
'Bubar adus terus salin'!
4. Salinana ukara Ngoko Lugu ing ngisor iki dadi basa krama inggil!
'Apa bapak wis mangan sega goreng sing digawekke Ibu?'
5. Jlentrehna tegese paribasan ing ngisor iki:
a. Becik ketitik, ala ketara.
b. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
