Ad Code

Responsive Advertisement

Headline

6/recent/ticker-posts

Asesmen Sumatif Akhir Semester II | Basa Jawa Kelas 5 - Paket 1

 


Teks Wacan

Wacanen kanthi pratitis!

                Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipundukani
Bapang den simpangi
Ana catur mundur

A. Soal Pilihan Gandha

Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d ana sangarepe wangsulan kang koanggep bener!

1. Tembang Mijil ing dhuwur kalebu salah sijine tembang macapat kang nggambarake …
a. Bocah sing lagi ing wayah pasinaon
b. Manungsa diwasa sing wis mungkur babagan donya
c. Jabang bayi sing nembe lair
d. Wong sing lagi nandhang asmara

2. Guru wilangan lan guru lagune tembang Mijil ing dhuwur yaiku …
a. 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u
b. 10i – 7o – 10e – 11i – 6i – 6u
c. 11i – 60 – 10e – 10i – 6u – 6i
d. 10a – 6o – 9e – 10i – 7i – 6u

3. Pranyatan ing ngisor iki sing jumbuh minangka tegese Legendha, yaiku …
a. Crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo prastawa sejarah utawa kepahlawanan
b. Crita utawa dongeng sing paragane kewan kang bisa pacelathon kaya manungsa
c. Crita utawa dongeng sing ana gegayutan karo bangsaning lelembut
d. Crita utawa dongeng asal usuling papan panggonan

4. Dongeng ing ngisor iki kang kalebu Legendha yaiku …
a. Ciung Wanara
b. Dumadine Rawa Pening
c. Jaka Tarub lan Dewi Nawangwulan
d. Kancil lan Baya

5. Dewi Srikandhi iku garwane Raden Janaka kang prigel olah jemparing utawa …
a. Panah
b. Gada
c. Pedhang
d. Tombak

6. Ing sajrone perang Baratayuda, Dewi Srikandhi madeg senapati lan perang mungsuh …
a. Resi Bisma
b. Prabu Duryudana
c. Adipati Karna
d. Patih Sengkuni

7. Sastra Jawa gagrag anyar sing ora kaiket dening paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu diarani...
a. Tembang Macapat
b. Geguritan
c. Parikan
d. Wangsalan

8. Nalika maca geguritan iku, awake dhewe kudu nggatekake obahing awak (gestur) lan pasuryan (ekspresi/mimik wajah), orang mung mligi maca. Obahing awak sajroning maca geguritan iku sing diarani ...
a. Wicara
b. Wirama
c. Wirasa
d. Wiraga

9. Kerata basa iku tegese negesi tembung dadi duwe teges anyar kang ngemu pitutur. Tuladhane tembung ‘Tebu’ yen digawe kerata basa ngemu teges …
a. Tetep buru
b. Antebing kalbu
c. Tetesing banyu
d. Tetep mlebu

10. Kerata basa saka tembung "Kuping" yaiku...
a. Kaku yen dijepiting
b. Kaku njedhindhing
c. Kaku njepiping
d. Kerep njepiping

11. Aksara jawa kang durung diwenehi sadhangan diarani ...
a. Aksara legena b.     Aksara murda
c. Aksara rekan d. Aksara swara

12. Ing ngisor iki kang ora klebu sandhangan swara yaiku ...
a. Taling
b. Pepet
c. Wignyan
d. Wulu

13. Ing ngisor iki pranyatan kang jumbuh karo krama inggil yaiku …
a. Krama inggil digunakake dening bocah utawa wong enom yen pacelathon marang wong sing luwih tuwa/diwasa
b. Krama inggil digunakake dening wong tuwa yen pacelathon marang bocah utawa wong enom
c. Krama inggil digunakake dening wong sing pacelathon marang wong sing sapadha
d. Krama inggil digunakake dening bocah marang padha bocah

14. ‘Bapak nembe wae ... saking kantor.’
Tembung sing trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku ...
a. Muleh
b. Bali
c. Kondur
d. Budhal

15. Paugeran tembang macapat sing nemtokake cacahe gatra saben sapada diarani ...
a. Guru lagu
b. Guru wilangan
c. Guru gatra
d. Guru swara

16. Crita rakyat ‘Rara Jonggrang’ iku dongeng utawa crita kang ana gegayutan karo asal-usuling Candhi Prambanan kang kasuwur. Candhi Prambanan iku mapan ana …
a. Jawa Barat
b. Jawa Tengah
c. Jawa Timur
d. D. I. Yogyakarta

17. Dewi Drupadi iku putrane Prabu Drupada kang ing tembe dadi garwane …
a. Raden Arjuna
b. Raden Werkudara
c. Prabu Puntadewa
d. Raden Sadewa

18. Ing ngisor iki sing kalebu struktur fisik geguritan yaiku...
a. Tema
b. Tipografi (wujud geguritan)
c. Amanat
d. Rasa

19. Kerata basa saka tembung ‘Wedang’ yaiku awujud...
a. Gawe tandang
b. Gawe padhang
c. Wes padhang
d. Ngawe kadang

20. ‘Ibu lagi mangan sega goreng.’
Yen diowahi dadi krama inggil yaiku...
a. Ibu nembe nedha sekul goreng.
b. Ibu nembe dhahar sekul goreng.
c. Ibu nembe mangan sekul goreng.
d. Ibu nembe nedhi sekul goreng.


B. Soal Isen

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!
1. Guru lagu lan guru wilangan gatra kapisan tembang Mijil yaiku ...
2. Tokoh utama sajrone legendha Rawa Pening sing malik dadi naga yaiku ...
3. Dewi Subadra duwe putrane Prabu Basudewa saka Kraton …
4. Aksara Jawa iku cacahe ana ...
5. Kerata basa saka tembung ‘Siti’ yaiku ...

C. Soal Andharan

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Sebutna 3 paugeran sing ana ing Tembang Macapat!
2. Apa kang diarani fabel?
3. Sebutna arane Punakawan!
4. Sebutna apa wae sandhangan panyigeg wanda!
5. Owahana ukara ngoko iki dadi basa krama inggil! 'Ibu tuku klambi anyar ing pasar.'