Ad Code

Responsive Advertisement

Headline

6/recent/ticker-posts

Geguritan - Pletheking Surya

Pletheking Surya

Kaanggit dening : Adri Wahyono

Tabuh papat binarung swara jago kluruk
Hawa isih krasa adhem trumecep ing wayah esuk
Ing wektu iku lagi kepenak turu
Nanging bapak meksa aku enggal wungu

“Yen, kowe abot karo turumu, selawase kowe ora bakal meruhi kayangapa endahe pletheking surya iku!”
Abot banget rasane, iki aku isih kepengin turu
Sakdawane lumaku aku isih ngeman ngantukku
Swarane bapak sing kepengin gawe gumregahku mung lamat-lamat keprungu

Saiki lakuku lan bapakku wis wiwit munggah gumuk
Nanging pikiranku isih keri ana sajrone ngantuk
Iba rasane nalika tekan pucuking gumuk
Sanalika ilang rasa ngantuk lan hawa nruthuk

Langit ing sisih wetan ora bisa kagambarake kaendahane
Pletheking surya sing dikandhakake bapakku nyata endah saknyatane
Bola-bali netra tak kedhepake
Pranyata wayah pletheking surya iku langit wetan katon endah ngresepake

Bapak mesem
Aku, uga mesem